Tafsir Al Ibriz Bahasa Jawa, panjenenganipun kiyai Bisyri Mushthofa

بسم الله الرحمن الرحيم

Al-Quran Al-Aziz punika setunggaling kitab suci ingkang dipun turunaken dening Allah Ta'ala dumateng kanjeng nabi Muhammad Shallallahu 'Alaihi wa Sallam. Ingkan kejawi dados mu'jizat ugi dados pitedah lan pepadang tumraping kita umat islam sedoyo.

Alhamdulillahi robbil 'alamin, washsholatu wassalamu 'ala asyrofil mursalin, sayyidina Muhammadin wa Alihi wa Shohbihi ajma'in.
Amma ba'du:

Al-Quran Al-Aziz punika setunggaling kitab suci ingkang dipun turunaken dening Allah Ta'ala dumateng kanjeng nabi Muhammad Shallallahu 'Alaihi wa Sallam.
Ingkan kejawi dados mu'jizat ugi dados pitedah lan pepadang tumraping kita umat islam sedoyo.
Saking mulyanipun Al-Quran lan saking kanugrahanipun Allah Ta'ala sinten ingkang maos Al-Quran senajan dereng mangertos makno utawi tegesipun, tiyang wau sampun pikantuk pengebang-ngebang ganjaran.

Al-Quranul Karim sampun kathah dipun terjemah dening poro ahli terjemah. wonten ingkang mawi boso Walandi, Inggris, Jerman, Indonesia lan senes-sanesipun. malah ingkang mawi tembung daerah, Jawi, Sundo, lan sak penunggalanipun ugi sampun kathah.
Kanthi terjemah-terjemah wau umat islam saking sedoyo bongso lan suku-suku lajeng kathah ingkang saged mengertosi makno lan tegesipun.

Kangge nambah khidmah lan usaha ingkang sae lan mulyo puniko, dumateng ngersanipun poro mitro muslimin ingkang mangertos tembung daerah Jawi, kawulo suguhaken terjemah Tafsir Al-Quran Al-Aziz mawi coro ingkang persojo, enteng sarto gampil fahamipun.

Dene bahan-bahanipun terjemah tafsir ingkang kawulo suguhaken puniko mboten sanes inggih namung methik saking tafasir-tafasir mu'tabaroh, kados tafsir Jalalain, tafsir Baydhowi,tafsir Khozin, lan sak panunggalanipun ...

Terjemah tafsir Al-Quran Puniko kawulo nameni
Mugi-mugi Al-Ibriz puniko dipun paringono manfaat fi dunya wal akhiroh.
Dumateng poro kiyai-kiyai, kados panjenenganipun Al-Mukarrom kiyai Arwani Kudus, panjenenganipun kiyai Abu 'Amar Kudus, panjenenganipun kiyai Hisyam kudus, panjenenganipun kiyai Sya'roni kudus ingkang sampun sami kerso ambantu taftis dateng Al-Ibriz puniko kawulo aturaken : jazahumullahu ahsanal jaza'i. wallahu waliyyut taufiqi.

panjenenganipun kiyai Bisyri Mushthofa


untuk menambah keterangan dalam bahasa Indonesia insyaaAllah akan disertakan terjemah tafsir Jalalain yang diambil dari  program ayat-ayat melalui situs Al Qur'an, King Saud University

Daftar ISI

1. Surat Al-Fatihah (dalam proses) insyaAllah